Berikut ini adalah kumpulan Mantra Jawa, dari para sesepuh dan dari kitab-kitab kuno.
Rapal Mantranya masih asli dari sang pengijasah (pemberi ilmu). Belum di coba seluruhnya, baru beberapa saja. Bisa saja terjadi perbedaan rapal mantra dengan
versi mantra dari kitab lain atau pengijasah lain. Tujuan saya tulis disini cuma untuk mendokumentasikan mantra-mantra kuno
ini, syukur-syukur bisa dikaji bersama, akhirnya bisa dipetik
manfaatnya.
Berikut Mantra-Mantranya :
1. Mantra yen arep tarakbrata
Yen arep tarabrata (tirakat), kudu adus wuwung disik, mantrane:
Niyatingsun adus, angedusi badan kayun, manggih toya rabani, dus
lali, dus mani, badan adus den dusi padha badan, roh adus den dusi pada
roh, suksma adus den dusi padha suksma, dat teles suksma ngalam, dat
urip tan kena kawoworan, urip sajroning karsa, ingsun adus banyu saking
kodratolah, byur njaba, suci njeroning badan rabani, alahu sakarsa,
alahu alaihi wasalam.
Sawuse maca mantra, banjur adus wuwung kang resik.
2. Mantra supaya betah tarakbrata
Ingsun nutup rahsa, sang sir rahsa payungana ingsun, rahsa mangan
cahya, cahya mangan rahsa, langgeng ing ciptaku, tetep mantep tan kena
owah.
Mantra diwaca saben bakda magrib kaping 40, yen lagi tarakbrata.
3. Mantra supaya betah pasa
Bismillahirrohmanirrohim. Allahuma sakati’I maut, badanku gumulung
cahyoku jumeneng, ya ingsun ratuning cahyo, ngadeg ing damar murub,
urube murub ing sajroning ati, terus ing paningal, laa illaa illallaahu,
muhammadurrasullulah.
Mantra diapalke yen duwe niat arep nglakoni sesirih/ pasa.
4. Mantra niat melek
Bismillahirrohmanirrohim. Niatingsun melek tutuga tekan sedina sesuk, manjing teguh rahayu kang santoso kagunganne Allah.
5. Mantra supaya betah melek
Manik coyo, bahyo coyo, coyo bahyo, sarine Allah ya Allah kulo nyuwun betah melek. Laa ilaa illallaahu, muhammadurrasuulullah.
6. Mantra keslametan
Shallallaahu alaihi wa sallam. Shifatullah, qulhu sungsang, tekenku
poro malaekat, Nabiku Nabi Muhammad, luputo kang diarah, kenoho kang
ngarang. Allahu akbar.
Lakune mutih 2 dina 2 bengi. Mantra yen diwaca kanggo nemu slamet lan ora dijahili wong liya.
7. Mantra ngambah papan angker
Kun kanikun ingsun kun, kowe kama salah, aja angganggu gawe, aku ratuning kun.
Lakune mutih 3 dina 3 bengi, wiwite dina Slasa Kliwon. Mantra diwaca sapisan aja ambegan.
8. Mantra ngedohake ula
Seh merling, Seh dumeling, dohna ingon-ingonira, sapembalangan dohe
karo aku, aja wuruk sudi gawe marang awakku, golek sandhang pangan
dhewe-dhewe, aku anak putune Nabi Solaiman.
Lakune mutih 3 dina 3 bengi, wiwite dina Kamis Wage. Mantra diwaca yen lumaku ana ngalas, utawa ing papan kang sakira ana ulane.
9. Mantra Pangirupan
Allahu cahya mulya, sira sun kongkon, sira irupen cahyaning wong
agung kang disuwitani, amora lan cahyaku. Laa ilaa illallah,
muhammadurrosullullah, sir-sir-sir-sir-sir.
Lakune mutih 3 dina 3 bengi wiwite dina Rabu Pon. Kasiyate mantra iki
kanggo nundukake kekuatan suksma negatip wong liya. Utawa mantra diwaca
yen weruh wong nyalawadi arep ngalani. Yen ditujuke mungsuhe, “wong agung kang disuwitani” diganti “mungsuh lagi sengit”.
10. Mantra Kesakten Gaib
Bismillahirrohmanirrohim. Ono jopo sewu, jopo siji datan tumomo.
Sing mandi japaku dhewe. Laa ilaa illallah, muhammadurrosullulah.
Lakune pasa Ngasrep 2 dina 2 bengi lan patigeni sedina sewengi. Wiwite
pasa dina Slasa. Mantra diwaca ping 7 saben ba’da salat fardlu. Yen arep
dicoba diwaca ping 7 utawa yen arep mangkat perang diwaca ping pisan.
Mantra Pagering Awak
Allahumma kulhuwallah,
lungguhku imbar, payungku imbar, wong sajagad kabeh kang sumedya ala
marang aku, nyawane kari sadhepa, sa’asta, sakilan. Wong kang sengit
marang aku, cupeten angen-angene, sandhang pangane lan sabarang niate
kabeh, pet cupet karsaning Allah. Lakune mutih 7 dina 7 bengi, wiwite
dina Kemis Wage. Mantra diwaca yen ana rerusuh utawa yen perang.
Mantra Siluman¥
Salallahu ngalaihi wasalam, alahuma
kulhu Allah, lungguhku imbar, payungku imbar, mimang mimong si Wisakarma
tengahing angin, apipit maya-maya ora katon apa apa, kang hima
kakalangan petheng dhedhet alimengan si imbar ngemuli aku, wong sabuwana
bloloken ora weruh aku. Lakune pasa 21 dina, kanane mangan (buka) mung
sapisan sabenjam 12 bengi, yen pasane wis rampung banjur ngebleng 7 dina
7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana bebaya utawa yen
perang. Yen ketrima bisa ngilang ora diweruhi wong.
Ajian Petake Jeyengrama
Ingsun
amatak ajiku, Jayabarut ingsun jumeneng datullah, umadeg tengahing
jagad, sakabehing mungsuh sakubeng ing cakrawala kang padha durhaka,
krungu petak gelap sakethi, padha bedhah kupinge, pecah endhase. Lakune
pasa 40 dina mangan mung sapisan sabenjam 12 bengi, sawise pasa tutug 40
dina, banjur ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Aji diwaca
yen campuh perang sarta ngarepake campuh.
Mantra Sugih Banda
Ing wayah bedhug
awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, madep mangetan, mantra,
Sentanaku juru gedong Retna Dumilah arane, kang rumeksa gedhongku ing
jagad wetan, bukaken gedhongku kang isi inten berlean lan sarupaning
manik-manik, ingsun arep nganggo. Ing wayah bedug awan, ana ing latar
ngadeg madhep mangidul, mantra, Sentanaku juru gedhong bambang
Bunarbuwana arane kang rumeksa gedhong ing jagad kidul, bukaken
gedhongku kang isi busana wastra sapanunggalane ingsun arep nganggo. Ing
wayah sore mbarengi Suruping srengenge ana ing latar ngadeg madhep
mangulon, mantra, Sentanaku juru gedhong Nurkencana remeng arane, kang
rumeksa gedhongku ing jagad kulon, bukaken gedhongku kang isi kencana
mulya lan kang sarwa picis sapepake ingsun arep nganggo.
Ing wayah
bedhug bengi ana ing latar ngadeg madhep mangalor, mantra, Sentanaku
juru gedhong Srikolem arane, kang rumeksa gedongku ing jagad br, bukaken
gedhongku kang isi sawarnaning pangan kang bangsa pan, palagumantung,
palaka pendhem, palakasimpar, bangsaning iber-iberan, kewan belehan lan
sarupane iwak loh ingsun arep bujana, ayo, ayo, ayo enggal enggal padha
tumandhanga, saben Kliwon pada teka babarengan nggawa sakabehing
kabutuhaningsun. Banjur temenga mandhuwur karo muni: bapa akasa, nuli
tumungkul mangisor, muni: ibu pertiwi, nyuwun bantu. Lakune pasa 40
dina, kenane mangan mung sapisan saben jam 12 bengi, wiwite dina Kemis
Wage. Sabanjure saben bengi tumindak mangkono iku, dadi turune sawise
jam 12 bengi, puwasane mung cukup 40 dina bae.
Mantra Pameling
Allahu zat, allahu sifat, allahu
asma, Allahu afgal, Allahu sidik, roh kudus, roh ilapi, roh sira
rohingsun rohingsun dhewe Si…… (sebutna jenenge) tekaa enggal katemu
aku. Lakune oran mangan uyah 40 dnai, wiwite dina rebo Pon. Mantra
diwaca mbarengi pleteking srengenge, ngadhepake prenahe omahe wong kang
diundang supaya teka.
Mantra panolak tenung Tujuh Layar
Allahumma kulhu
buntet, kulhu balik, durgateluh, jim setan peri prayangan pada mara
padha mati, jalma marang jalma mati, mati karsaning Allah.
Lakune
mutih 7dina 7 bengi lan pati geni sadina sawengi, wiwite dina Setu
Kliwon. Mantra diwaca mbarengi surup srengenge, diwaca ing banyu
diwadhahi pinggan, banyu kadamu ping 3, banjur kaombekake marang wong
kang kena tenung utawa tujulayar.
Mantra Senggara Macan
Ana kedawang
miber ing tawang alat-alat, macan sewu ing mripatku, macan putih ing
dhadhaku, gelap ngampar suwaraku, durga mendhak kala mendhak, teka
kedhep teka wedi, teka asih mungsuhku, kodheng madhep manut sakarepku
karsaning Allah. Lakune mutih 3 dina 3 bengi lan patigeni sadina
sawengi, wiwite dina Jumuah Pahing. Mantra diwaca yen wis adhep-adhepan
lan mungsuh.
Mantra Panglereman
Yen ana ing
dalan begal durjana. Suksma nuksma, nyawa sirna, roh njendhel, rep sirep
si jabang bayi katrem ing dlamakanku. Mantra kawaca sapisan karo
mandeng mripate wong kang arep mbegal. Lakune pasa 21 dina mangane saben
jam 12 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Rebo Pon.
Mantra Kateguhan
Kaki kala ingsun
njaluk kiambi watu, watu sakilan sageblog kandele, rasukan ing badanku,
sakehing braja dawa tuna, cendhak, cupet tiba ing ngarepku, saka
karsaning Allah. Lakune nglowong 3 dina 3 bengi, wiwite dina Rebo Pon.
Mantra diwaca yen ana babaya pakewuh utawa yen maju perang.
Mantra Padhang Atine
Ati-ati
katengi aku njaluk padhanging ati, ora ana padhanga ati, damar kurung
cumanthel pulunging ati, byar padhang wus oleh padhang ati saking
karsaning Allah.
. Nukat Gaib
“Bismillahir rahmanir rahim. Ingsun wis tanpa paningkahe rasa jati, kaanane Pangeran.”