NDULU KUWASA, RUSAKING TATA Sumber-sumbering memala ana ing urip bebrayan agung, aja padha lali padha gatekna, yen ta melik marang kuwasa dadi telenging pambudi. Sing rusak ora ta mung agama, kang samesthine dadi ageming dhiri, nanging uga paseduluran sanyata. Saiki padha delengen, wong-wong kang nguyak kuwasa, mung mligi ndulu urmat lan kursi, nganti wani padha crah karo sanak kulawarga, sedulur mungsuh sedulur padha jegal-jegalan, ponakan mungsuh paman, kyai mungsuh kyai ora perduli duk wingi-wingi disengkuyung amargi patuladhane sujud mring Gusti. Yen wis ngono, endi ana agama dadi sumbering darma dadi manungsa titah njembarake tresna. Poltitik wis mung dadi siasat golek kuwasa dudu mbebabangun bebrayan agung conkrah bubrahing tali paseduluran wis dianggep lumrah. O, apa iya iki pancene kang wis sineratake dening Jayabaya jamane kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange lan urip bebrayan ilang pasedulurane. Yen mangkono, haiya luwih becik, bali mlebu senthonging urip ngugemi jatining agama ngorong tuwuhing tresna sapadha-padha jer Pangeran kang mahakuwasa ora sudi manungsa tumiba ing cintraka crah bubrah padha ngrusak anggering tresna. Wis, gageha nyandhak gendera kibarna donga, kereken tekan mega, kareben baliya tataning jalma yen ta manungsa iku tunggal brayat titahing kang Kuwasa Siji lan tan kena kinaya apa. Dening Tangkisan Letug

0 comments:

Luncurkan toko Anda hanya dalam 4 detik dengan 
 
Top