Sedoyo ilmu ghoib meniko gadah Khodam, pangerten umum saking Khodam meniko sami kalian "Pendamping/Pembantu". Khodam ingkang angsal saking olah spiritual meniko ugi saget dinami'aken "Roh" nipun ilmu lan saget terus wonten jasad tiyang ingkang ngamal'aken ilmu ghaib lantos dados pendamping. Khodam ugi saget wonten jimat, pusoko, lan mustiko. Nanging Khodam ugi saget dateng piyambak saking kersane leluhur utawis kraos cocok kalian tiyang ingkang bade ditumuti.

Khodam meniko namung sebutan kemawon, sami kalian menungso lan jin ingkang gadah kelakuan olo saget disebut "Setan". Sejatosipun Gusti Pangeran meniko namung nyipta'aken makhluk ingkang gadah akal namung 3 kemawon (Malaikat, Menungso, lan Jin). Nanging asal Khodam meniko wonten 3:

1. KHODAM QORIN
Khodam Qorin meniko wonten ingkang sampun melu menungso kawit lahir procot ugi wonten ingkang ndugi perkawis olah spiritual. Sejatosipun Qorin meniko ugi saking golongan jin nanging gadah sifat khusus mboten gadah jenis kelamin lan mboten gadah nafsu seks.

2. KHODAM JIN
Khodam Jin meniko bongso alus, golongan nipun wonten 4 (Putih, Ireng, Kelawu, lan Waspodo) nanging macem nipun katah. Energi nipun wonten ingkang positif ugi wonten ingkang negatif. Bongso Alus meniko asal nipun wonten 2, ingkang sepisan saking sukmo nipun menungso (Moksa, Roh Sedulur Papat, Rogo Sukmo, Pocong, lan Bongso Siluman). Ingkang kapindo sejatosipun asli dicipta'aken saking jenis bongso alus/lelembut (Merkayangan, Manusia Kate, Banaspati, Ratune Kewan, Iblis, Dedemit [Kuntilanak, Gondoruwo, Wewe Gombel, Tuyul, Sundel Bolong, Palasik, Gundul Pringis, Rupo Roto], Buto, Jin, Peri, Bidadari, Dhanyang).

3. KHODAM MALAIKAT
Khodam Malaikat meniko wujud nipun namung ketingal kados energi kemawon. Sampun saking kodrat nipun yen Malaikat mboten saget sanding kalian menungso, dados namung energi nipun kemawon ingkang ketingal. Khodam Malaikat ugi saget angsal saking karomah Gusti Allah.

Dadosipun sedoyo bongso alus ingkang saget ngrencangi utawis maringi yoni dateng menungso meniko kasebut Khodam.

0 comments:

Luncurkan toko Anda hanya dalam 4 detik dengan 
 
Top