Patraping tumindhak:

Tumraping wong kang durung tau ngancik ing babagan kaweruh iki, saben jam 4.00 tumeka jam 5.00 esuk sawise tangi turu banjur sesuci njupuk banyu wolu, banjur lungguh sila, patrape kaya wong semedi, bisa uga nganggo patrap kang kasebut ing aji panunggal, maladihening lan aji pamelang, banjur wetuning napas.

Sajeroning semedi iki dibarengi karo panyuwunan sabarang kang becik, kayata: Nyuwun kasuciyan, slamet lan sapanunggalane.

Iki mau katindhakake kanthi sareh lan ora kesusu utawa grusa-grusu, sarta manawa wus antuk kenyataan ora kena kanggo amburu bandha donya. Manawa kaweruh ing kitab iki wus bisa kagayuh banjur kudu dibaleni supaya bisa meneb ing ndalem sanubari, banjur lagi kena ngancik ing lelaku liyane, utawa kaweruh sakbanjure.

Sabanjure ana kaol mangkene:

Tinimbang darbe cekelan siji luwih becik menawa akeh. Mula ing kitab iki luwih becik manawa bisa anggayuh sakabehing lafal, kaya kang kasebut ing mburi iki. Sinambi methik lafal iki kudu sarana angurang-urangi, tegese kaya kang kasebut ing sekar kinanthi:

Padha gulane ing kalbu.

Mring sasmitane amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra

Kaprawiran den kaesthi,

Pesunen sarira nira,

Sudanen dhahar lawan guling.

Tegese angurangi dhahar, sare, sarta syahwat. Kajaba saka iku kudu bisa nindakake 7 perkara kasebut ing ngisor iki:

1. ORA KENA NGLARANI:

Tegese ing sesolah tindake, pangucap, lan pikirane ora kena gawe wisunane utawa ora kena nglarani ing liyan lan awake dhewe, becik raga utama atine.

2. ORA KENA GOROH:

Tegese kudu jujur marang awake dhewe lan ing liyan, apa kang cinipta ing kalbu,, wijiling wicara, kalawan tumindake kudu tansah padha.

3. ORA KENA CIDRA:

Tegese ora cidra ing janji, ora cidra ing pangucape, ora cidra ing tumindhake, kang gawe gelaning liyan, kang uga gawe wisunaning pribadinine dewe.

4. ORA KENA REGED:

Tegese ora kena reged ing pangucape, ora kena reged ing pamikire, ora kena reged ing tumindhake, kabeh mung tumuju marang kasuciyaning laku.

5. ORA KENA MELIKAN:

Tegese ora kena andarbeni, ngemu karep, sakabehing kahananing donya iki kabeh, manungsa saderma amung kanggo sarana liwat, sebab kabeh mau amung kagungane Ghusti Kang Murbeng Jagad.

6. ORA KENA JIRIH:

Tegese kita ora oleh was-was sumelang, kita kudu tansah percaya marang kuwasa sarta kersaning Ghsuti Ingkang Murbeng Dumadi, mobah mosiking manungsa amung saderma narima lan anglakoni apa kang dadi kuwasa lan kersaning Ghusti Kang Murbeng Alam.

7. ORA KENA KESED:

Tegese kita kudu ora kena sungkanan anindhakake sakabehing pakarti kang luhur, kita kudu sregep nindakake pakartining laku kang tumuju marang kautaman, lan kudu seneng tetulung marang sakabehing titah kang nandhang papa cintraka kang tanpa melik lan pamrih apa wae.

Pituduh laku kang 7 perkara kang kasebut iku mengku surasa kang jero. Ananging ing kene ora dijarwakake amarga kena ing bebasan, kakeahan isi kurang papan.

PIWELING MAWANTU-WANTU:

Ora kena kawaca utawa katindakake dening sapa wae kang durung paham marang apa kang wus katerangake ing ngarep:

.....................................................................................................................................................

Urutan kang sapisan:

Lakune:

Mutih sedina sewengi, bengi kena turu sawetara. Sadurung nglakoni kudu sesuci lair batin, tegese kudu resik saka sakering Pancadriya, lan pakartining hawa napsu. Kudu duwe antep percaya lan mantep ing sajroning ati.

Rapal iki kang kawaca sepisan, nganti ing ati sanubari manawa iki wus kena ginayuh banjur lagi kena ngancik rapal kang kapindho, mangkono sak banjure. Pangati-ati sewulan mung kena sepisan yaiku mung nyoba selangkah wae, banjur lagi kena urutan sak banjure ing ngisor iki rapale:

KAKANG CAHYA, ROH ROHMANI, ROH JASMANI, ROH RABBANI, ROH HEWANI, KAKI TUMEKA BAPA, BISOWA.............................TUMEKA AWAKKU, BEDA APA BAPA KAKANG, KUN FAYAKUN TANPA SAHUDU, KODRATULLAH INGSUN PINAYUNGAN DENING ALLAH.

Tandha..................di isi manut apa kang kinarepake, kayata:

Bisowa slamet tumeka awakku, bisowa oleh rejeki ing dina iki, bisowa si A asih tumeka awakku.

Urutan kang kapindho:

L a k u n e :

Mutih sedina sewengi, ora kena turu, sarta maca lan nyipta rapale:

SALALLAHU NGALAIHI WASSALAM, MALAEKATKU PAPAT,S ATUS PATANG PULUH PAPAT SABALANE, JABRAIL MALAEKATKU PAPAT, MIKAIL MALAIKATKU PAPAT SATUS PATANG PULUH PAPAT SABALANE, LAH SIRA TANGIYA, SIRA SUN KONGKON............................ LAMUN ORA, KENA SUPATANE ALLAH, KAPINDHO ROSULULLAH.

Tanda.......................... di isi apa kang kinarepake, kayata:

Sira sun kongkon ngrampungake perkara. Lan sapanunggalane.

Urutan Kaping Telu:

L a k u n e:

Puasa sedina sewengi, kena turu sawentara, tegese kena turu lamun wus lingsir wengi.

BANYU DHEKU BRAJA NEMBAK-NEMBAK, SURASANE KALA BUMI BISU, KUCEM KERSANING KARSANING ALLAH.

Urutan kaping papat:

L a k u n e:

Puasa sedina sewengi ora kena turu, maca lan nyipta rafal ing ngisor iki:

BISMILLAH ILMUKU SI JABANG BAYI, MENANGA SAK TINGKAHKU, MENANGA SAK SAGAWEKU, ARANIRA SUKMA TUNGGAL, TUNGGAL LIDAHKU, KAYA BAYA NGGANGSAR RAIKU, KAYA GAJAH GUMARANG AWAKKU, KAYA BUTA SEWU SWARAKU, YA HU LANTE NYAWUK NYAWANE RATU, TANPA TENGGEK TANPA SIRAH, JABANG BAYINE................JUNGKUR NYAWANE RATU SAKING KERSANE ALLAH.

Tandha:.........................................kaisi jenenge wong, supaya manur miturut marang sapakone, tegese ora bakal kena godha rencanane wong mau, kena uga kanggo nulak manawa mlaku ing alas kang wingit banget.

Urutan kang kaping Lima:

L a k u n e:

Mutih rong dina, kena turu sawentara, karo nyipta rafal iki.

ANA DAWANG ING ALAT-ALAT, MACAN SEWU ING MATAKU, MACAN PUTIH ING DHADHAKU, GELAP NGGAMPAR PANGUCAPKU, DURGA MENDHAK, KALA MENDHAK JABANG BAYINE............NDULU JABANG BAYIKU, TEKA KEDHEP, TEKA LEREP MARANG AKU, KEDHEP, KEREP, KEDHEP KEREP, EKDHEP KEREP SAKING KERSANING ALLAH.

Rafal iki gunane kanggo njaga dhiri manawa ana bebaya apa-apa teguh tetep ora dhuweni rasa wedi. Tandha........................ diisi jenenge musuhe, manawa musuhe iku akeh kena diisi wong sak buwana.

Urutan Kang Kaping Nem:

L a k u n e:

Mutih rong dina sawengi, ora kena turu, karo nyipta rafal iki:

SIPAT ALLAH LUPUTA SING DIARAH, KENA’A SING NGARAH, KULHU SUNGSANG, TEKENKU PARA MALAIKAT, PINAYUNGAN, NABIKU NABI MUHAMMAD, SALALAHU NGALAIHI WASSALAM, ALLAH HU AKBAR.

Dene gunane:

Kanggo njaga omah, kanggo tumbal sajerining omah, durjana lan teluh, tuju layar ora bakal tumama.

P a t r a p e:

Nganggo endheg wukan 5 iji disandhang lan diwacakake rapal mau sedina sewengi pasa (tegese ora kena mangan lan ngombe) lan ora kena turu, banjur endhog mau kadokok ing tengah omah siji, pojokan omah siji-siji. Jimat iki ampuh banget khasiyate, manawa wus dipasangi tumbal mau sakabehing teluh tuju layar, lan panggawe ala apa wae apa dene durjana ora bakal bisa mlebu ing njero omah kasebut.

Amarga endhog mau bisa nulak sakabehing tuju layar lsp.

Luwih utama menawa kebeneran wong kang lagi maca rapal iki mau isih ana sajeroning omah.

Urutan Kang Kaping Pitu:

L a k u n e:

Mutih rong dina rong wengi, melek sewengi, lan maca sarta nyipta rapal kaya ing ngisor iki:

ADDAM ADEKKU, ROSULULLAH AWAKKU, SEKABEHANE JALMA MAUNGSA SING ANGRUNGSU SING AKRUNGU, ADOH KARUT CEDHAK KANYUT, KARUT KANYUT SAKING KERSANE ALLAH.

G u n a n e:

Kanggo pengasihan agung, supaya katon mancorong mawa teja badane sarta ndadekake pasihane sapadha-padha, luwih-luwih liya jenis.

Urutan kang kaping wolu lan sanga sateruse tumekaning kang kaping wolulas, wis kalebu urutan kang luhur, kang dhuwur, lan gaawat, ampuh banget sakabehing teluh tuju layar ora bakal tumama, wis ora perlu mutih lsp, ananging kudu nganggo laku, ora kena turu sadurunge jam 12.00 wengi, lan wong mau kudu wus suci, sabar tawakal, pasrah mring ghusti allah, nrima mring sakabehing paringane Ghusti Allah, njembarake budi, ngluhurake rahsa.

W E L I N G E P A N G I M P U N:

Kudu ngati-ati, ora kena grusa-grusu, luwih becik dilambari ing saben esuk semedi, nganggo cara sila serta ngeningake cipta, utawa cara kasebut ing tuntunan AJI PANUNGGAL, AJI PAMELANG, utawa MALADI HENING.

Urutan kang kaping wolu:

Lakune: kena mangan ora kena turu sewengi, nyipta lan maca rafal kang saya ing ngisor iki:

ASYHADU KAHANAN INGSUN, ALLAH JENENG INGSUN, INGSUN KANG NDUWENI BACAN WAYANGAN, WAYANGANE INGSUN KANG NDUWENI URIP, NUR HIDAYATULLAH ELING LESSING ATI, TAN ANA KURASA, YA HU ELING SLAMET.

Rafal ing nduwur mau kanggo ngerteni marang awake dhewe, manawa rafal iki bisa ginayuh nganti rumasuk temenan, bisa nulung wong kang bakal antuk bebaya, sarta manawa wong mau bakal kapundhut (mati) kurang setahun wis bisa ngerteni.

Urutan Kang Kaping Sanga:

L a k u n e:

Kena mangan ora kena turu setengah wengi, karo nyipta lan maca ragal ing ngisor iki:

GEDHONG ALLAH AWAKKU, TUTUP NABI BADANKU, KANCING RASULULLAH JASADKU, LA ILAHAILOLLAH MUHAMMAD RASULULLAH.

Urutan Kang Kaping Sepuluh:

L a k u n e:

Kena mangan, kenane turu sawise jam 12.00 wengi, maca rafal ing ngisor iki:

MLEBU ALLAH, METU ALLAH, NEKAKAKE URIP, UTEG DUNUNGNA SI KODRAT, KUN WADHAHE ILMU, PAYA KUN TUTUPE ILMU, HU ALLAH, HU ALLAH, HU ALLAH.

Urutan Kang Kaping Sewelas:

L a k u n e:

Kena mangan, kenane turu sawise jam 12.00 wengi, maca rafal ing ngisor iki:

BISMILLAH, SIR ALLAH, BADAN ALLAH, GIGIR ALLAH, BALEKAR ALLAH KABEH, HU ALLAH, HU ALLAH, HU ALLAH.

Urutan Kang Kaping Rolas:

L a k u n e:

Kena mangan, kenane turu sawise jam 12.00 wengi terus maca rafal ing ngisor iki:

RATU RANCANG KENCANA, RATU RANCANG KENCANA, SAPA KANG ANA ING KIWA TENGEN IKI, YA AKU ALLAH, ALLAH SIRA REKSANEN BADAN INGSUN KABEH, HU ALLAH, HU ALLAH, HU ALLAH.

Urutan Kang Kaping Telulas:

L a k u n e:

Kena mangan, kenane turu sawise jam 12.00 wengi sarta terus maca rafal ing ngisor iki:

MUALAIKUM SALAM, ALLAH BADAN INGSUN, MUHAMMAD ATININGSUN, PANGERAN KULIT DAGING INGSUN, HU ALLAH, HU ALLAH, HU ALLAH.

Urutan Kang Kaping Patbelas:

L a k u n e:

Kena mangan, kenane turu sawise jam 12.00 wengi, karo maca rafal iki:

GEMPUNG SUWUNG TAN APA-APA, MUNG ALLAH LAN AKU KANG ANA.

Rapal kang kaping 11,12, 13, 14 iki uga ana sirikane, yaiku ora kena nguyuhu wewayangane dhewe, manawa kebanjur utawa ora sengaja kudu nyebut : “KULA NYUWUN NGAPURA”

Urutan Kang Kaping Limalas:

L a k u n e:

Kena mangan, kenane turu sawise jam 12.00 wengi:

SALALLAHU NGALAIHI WASSALAM, ANA SUKMA TEKA WETAN MENGULON PARANE MARA SUJUD MARANG INGSUN, ANA SUKMA TEKA KULON MANGETAN PARANE SEBA SUJUD MARANG INGSUN, ANA SUKMA TEKA KULON MANGTAN PARANE, SEBA SUJUD MARANG INGSUN, TEKA KIDUL MENGALOR, TEKO LOR MANGIDUL, TEKA NDUWUR MANGISOR, TEKO NGISOR MANDUWUR, SAKABEHING SUKMA SEBA SUJUD MARANG INGSUN, TETEP INGSUN UTUSANE ALLAH, LAILA HA ILALLAH MUHAMMAD RASULULLAH, SIR NING, TES NING, ALLAH MANGKU SIRA ALLAH MANGKU INGSUN, SIR PANINGGALING ALLAH. SUN CIPTA JABANG BAYINE.......................KLAHA BATHI AKU.

Rafal iki uga ana sirikane : ora kena mangan ketan dikokop tegese kudu ninggalake sipating asu.

Urutan Kang Kaping Nembelas:

L a k u n e:

Kena mangan, kena turu sawise jam 12.00 wengi:

SALALLAHU NGALAIHI WASSALAM, YA INGSUN HYANG BAGINDHA KILIR, LUNGGUHKU BUMI, JENENGKU SRENGENGE, RUPAKE BAYU, BAYUKU ANGIN, NETRAKU WULAN, KEDHEPKU LINTANG, KILAT THATIT ING LIYEPKU, INGSUN MADHEP NGETAN NINGALI SI RINGIN SUNGSANG, DADIYA RAHAYUKU, SADURUNGE ANA BUMI KALAYAN LANGIT, YA INGSUN SIRINGIN SUNGSANG, SAGARA CAHYA MANGAN RASA, SEGARA RASA MANGAN CAHYA, CAHYA CAHYAKU ALLAH, RASA RASAKU RASULULLAH, AKHMAD SIRA METUWA SI AMANAT AREP MRENE.

Sirikane uga ora kena mangan ketan dikokop, tegese tansah angilangi sipat kewan kang ana jiwa angga pribadi.

Urutan Kang Kaping Pitulas:

L a k u n e :

Kena mangan, kenane turu sawise jam 12.00 wengi.

MUHAMMAD NJABA, MUHAMMAD NJERO, MUHAMMAD KADIM.

RASUL NJABA, RASUL NJERO, RASUL KADIM,

PANYUWUN NJABA, PANYUWUN NJERO, PANYUWUN KADIM,

ROKHMAN NJABA, ROKHMAN NJERO, ROKHMAN KADIM.

KUN PAYA KUN, ALLAH NJABA NJERO, INGSUN NEKAKAKE URIP,

YA HU ALLAH, YA HU ALLAH, YA HU ALLAH.

KUN WADHAHE ILMU, PAYA KUN TUTUPE ILMU, SIR ALLAH, DZAT ALLAH, SIPAT ALLAH, WUJUD ALLAH.

ALLAH YA PANGERAN, PANGERAN YA ALLAH.

ALLAH YA GHUSTI, GHUSTI YA ALLAH.

NUR MUHAMMAD KANG MANJING GUWA GARBAKU, SIRA METUWA AKU NJALUK...........................(TEGUH RAHAYU SLAMET)( kena kanggo njaluk apa wae kang sinedya).

Urutan kang kaping wolulas:

Urutan iki urutan kang dhuwur dhewe, mula kenane ngancik urutan iki kudu wis bisa nguwasani urutan sadurunge, kudu suci temenan, sarta ngutamake perilaku kabecikan, supaya bisa dadi wong kang wicaksana sarta adil para marta berbudi bawa laksana:

DZAT ALLAH ORA ANA, DZAT WALI ALLAH,..........................................................

(aja maneh kowe, bapa biyang kakek moyangku wis sujud karo aku)

(uga kanggo panyuwunan apa wae kang sinedya).

......................................................................................................................................................

0 comments:

Luncurkan toko Anda hanya dalam 4 detik dengan 
 
Top