wetonne penganten lanang lan wadon neptune kanggungung banjur kebage 10
utowo 7,turahe ora keno luwih songko 7 menowo kebage 10 turahe luwih
songko 7,iku banjur kebage 7.angka turahe nuduhake ketemuning petungan.



umpomo penganten lanang wetonne rebo pahing,kang wadon kamis pon,neptune
ono 7 +9+8+7=31 kabege 10 turah 1.petungan tibo:wasesosegoro.



dene umpomo gunggunge neptu mau ketemu 28,iku menowo kebage 10,ketemu
turah 8,dadi luwih songko 7,ing kono ketemu turah 7,petunge tibo,lebu
ketiup angin,pratelane koyo ngisor iki.



yen turah:

  1. wasesosegoro,kamot,jembar budine,sugih pangapura,gede prabawane.
  2. tunggak semi,cepak rejekine.
  3. satrio wibowo,oleh kamulyan lan keluhuran.
  4. samur sinobo,dadi panggungsening,kapinteran.
  5. satriawirang.nandang duka cita,kawirangan,isyarat panulakke ngetokke getih,umpamane mbeleh ayam.
  6. bumi kapetak.petengan aten,nanging taberi ing gawe,kuat nandang loro lopo,resikan,isyarat nulakke mendem lemah.
  7. lebu katiup angin.nandang papa cintraka,kabeh kareppe ora dadi,kerep ngelih omah,asyarat panulakke ngabul-abul lemah.

0 comments:

Luncurkan toko Anda hanya dalam 4 detik dengan 
 
Top