ezdoubler


Samar kang Sinamar,
Panglimunan ring dedeting Halimun,
Hanglebur marang jatiningsiro pribadi,
Malih rupo malih atmo malih pangroso,
Hanyaketi marang karsaning jagad gumelar,
Hangrungkebi marang gumelaring kahanan,
Hangesti marang sesembahan kang tunggal,
Memetri sejatining sopo siro lan sejatiningsun,
Yo ingsun kang sejati,
Ora tinedhas marang hawaning agni niro,
Ora kapedhut marang sinamar niro,
Kang bakal hanglebur jagad siro pribadi,
Marang kasunyatan gumelaring panguoso jati,
Hom - Hyun - Hayu - Hayom,
Pamujine atmajaningsun pribadi,
Jaya - Jaya - Wijayanti,
Pamujine jagadningsun pribadi.

 
Mantra pangleburing jagad gumelar, menyatukan jatidiri pribadi dgn sang pencipta semesta.
Jaya - Jaya - Wijayanti

0 comments:

Powered by DaysPedia.com
Waktu Saat Ini di Bangkok
65024pm
Sel, 4 Maret
6:32am 11:54 6:27pm
 
Top