Menika pasugatan ringgitan Banyumasan saking Ki Sugino Siswocarito ingkang ngangge “thema” Baratayuda Jayabinangun seri kalih. Sepindhah malih, menawi wonten jagading ringgit, Perang Baratayuda menika kalebet perang ageng ingkang kaping sekawan. Lampahan Baratayuda mBanyumasan versi Ki Sugino menika, menawi kagatekaken, radi caket kaliyan alur lampahan saking gagrak Ngayogyakarta, nanging iringan gendinginpun caket kalian gagrak Surakarta

Silih Ungkih ganti kalindhih, rebut unggul tandhing tyasa Resi Bisma lan Resi Seta. Kekalih resi menika sampun dados satru bebuyutan saking mudhanipun. Ing perang Baratayuda Jayabinangun, tuntas kekajenganipun kangge mbuktekakan sinten ingkang unggul sejatosipun (gambar koleksi Mas Agus “Mahesa Jenar” Wiyarto) 

Wonten lampahan Bisma Gugur, Baratayuda Jayabinangun dipun wiwiti. Lah miturut Baratayuda versi gelaranipun Ki Nartasabdo, perang antawisipun Resi Bisma anggenipun majeng wonten rananggana ngantos sirnanipun Resi Seta kalajengaken kaliyan Guguripun Resi Bisma piyambak dening Prajurit Wanita, Wara Srikandi, dangunipun ngantos kawanwelas dinten. Paling lami miturut cariyosipun. 

Kathahipun para paraga ingkang angemasi wonten ing lampahan menika ugi kathah, kados ta; Raden Untara, Wratsangka lan Resi Seta, ingkang tiga tiganipun menika putra saking Wiratha. Tiga tiganipun dados tawur saking bela kasaenan, nalika Pendhawa ingkang kabucal Kurawa 12 tahun lan kedah namur kawula setahun tanpa kadenangan. Para Pandhawa saged bela Negari Wiratha ngantos Negara Ngastina ingkang dipun ombyongi Prabu Susarman saking Trikarta ingkang anggadahi trekah anjajah negari Wiratha, saged kendhang kapracondhang saking paprangan. Kethiripun wadya Ngastina awit dening pangamukipun Jagal Abilawa sesinglonipun Raden Werkudara, lan Kandhiwrahatnala sesinglonipun Raden Arjuna. Kejawi menika sakderengipun perang dipun wiwiti, wonten pejahipun Bambang Irawan. 

Menawi panjenengan ngundhuh ugi gending talu wonten file 1A, pilihan gendhing sampun “beraroma maut”. Cobi panjenengan gatekaken, senajan wonten sisipan gendhing dolanan Menhok-menthok lan Kupu kuwi, nanging tetep aroma menika taksih kenthel kaganda. Sampun dipun tilar file menika nggih. 

Sedanipun keng rama lan ibunipun Prabu Duryudana, Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari wonten ing kedosan Kresna Dhuta, andadosaken jalaran wiwitaning Baratayuda Jayabinangun menika. Gereng-gereng, ambekuh Prabu Duryudana, awit kraos getun lan sedhih tinilar dening tiyang asepuhipun. Anuli Resi Bisma neter kesagahan lan siaganing golonganing Kurawa mengsah lan Para Kadang Pandhawa.. Ing kalenggan menika parampara Ngastina sami jumurung ing kersa dados sesawat balang lan sesawur, murih jayaning Para Kurawa. Lega rasaning manah Prabu Duryudana salajengipun, dene para paranparaning praja misuda Resi Bisma dados senapati ingkang kapisanan. 

Nanging ing mangke Resi Bisma maringi tetenger menawa Perang Baratayuda menika satunggaling papan sauring utang lan potang. Kaping kalihipun Resi Bisma paring katrangan menawi kasagahanipun majeng dados senapati menika namung kinarya pasanggiri. Liripun, lamun piyambakipun ungguling jurit Kurawa bakal mukti. Nanging menawa kasor tebihipun kapupuh ing adilaga, para Kurawa kedah seleh gegaman mungkasi prang lan soroh negari Ngastina lan Negara Amarta sawetahipun.

Kados pundi gancaring lampahan Bisma Gugur, magga panjenengan kersa ngunduh folder BISMA GUGUR menika, ingkang kabagi alit nembelas file agengipun watawis 29Mb. 
Halaman download: https://www.mediafire.com/?h6cnkhfrl5idm 

Link download : 
1. http://www.mediafire.com/listen/o28mbc6o5t9gzwa/Bisma_Gugur_1A_KSSC.mp3
2. http://www.mediafire.com/listen/5ed5iaie6bhifc6/Bisma_Gugur_1B_KSSC.mp3 
3. http://www.mediafire.com/listen/iuy43z6gdt63843/Bisma_Gugur_2A_KSSC.mp3 
4. http://www.mediafire.com/listen/0t0o60bs8q6jp01/Bisma_Gugur_2B_KSSC.mp3 
5. http://www.mediafire.com/listen/ot13ax6cv1j65rr/Bisma_Gugur_3A_KSSC.mp3 
6. http://www.mediafire.com/listen/g8gknfgw3a63o2p/Bisma_Gugur_3B_KSSC.mp3 
7. http://www.mediafire.com/listen/q2cedgx6vegah1i/Bisma_Gugur_4A_KSSC.mp3 
8. http://www.mediafire.com/listen/jcgs5oqwy3piz04/Bisma_Gugur_4B_KSSC.mp3 
9. http://www.mediafire.com/listen/aq99fpqt5af1b7j/Bisma_Gugur_5A_KSSC.mp3 
10. http://www.mediafire.com/listen/j07a0mnbsx71eqx/Bisma_Gugur_5B_KSSC.mp3 
11. http://www.mediafire.com/listen/j07a0mnbsx71eqx/Bisma_Gugur_5B_KSSC.mp3 
12. http://www.mediafire.com/listen/m7e2ni80po089fi/Bisma_Gugur_6B_KSSC.mp3 
13. http://www.mediafire.com/listen/t4r2fz5y4gq6mbp/Bisma_Gugur_7A_KSSC.mp3 
14. http://www.mediafire.com/listen/budg2xnve8u8qkc/Bisma_Gugur_7B_KSSC.mp3 
15. http://www.mediafire.com/listen/67djt469dv70o4t/Bisma_Gugur_8A_KSSC.mp3 
16. http://www.mediafire.com/listen/9cy07ad1c0d5p46/Bisma_Gugur_8B_KSSC.mp3 

link sumber berita: http://maspatikrajadewaku.wordpress.com/2012/04/02/bisma-gugur-ki-sugino-siswocarito/ 

0 comments:

Luncurkan toko Anda hanya dalam 4 detik dengan 
 
Top